Sabtu, 18 April 2009

10 Langkah supoyo Laptop Axioo bisa awet suwe


Menowo dulur duwe Laptop Axioo, iki ono 10 langkah supoyo Laptop panjenengan biso awet lan ora gampang entek setrume.
  1. Kaping sepisan supoyo irit Battere, uripono Power Option Properties ono nggone menu Control Panel lan pilih Mode Portable/Laptop. Pilihan iki bakal nyetel pilihan Laptop biso nggawe pilihan kanggo sak perlune.
  2. Naliko nggawe karo battere, matekno kabeh pilihansing ora di enggo, koyoto; Wireless, WebCam, CD/DVD ono setelane supoyo battere luweh awet.
  3. Menowo wis rampung anggone nggawe, ojo nganti laptop isih urip muspro nanging kudu bener-bener di pateni (switch-off) lan posisi sliding LCD Screen ditutup sing rapet. Sak wise kuwi copot kabeh piranti njobo sing kesambung, koyoto Mouse, LAN, VGA-Out/Projector, Loudspeaker njoboutowo sing liyo lan liyane.
  4. Ojo ninggal Laptop ono sak jroning suhu panas sing banget (ekstrem), contone ono njero mobil sing lagi diparkir ono panase sengenge sing lagi terik-terike. Iki iso dadi ngurang i umure battere.
  5. Kudu nggawe piranti alus (software) sing asli (original/legal), luwih-luwih sisteme kanggo ngoperasekne (Operating System) lan piranti penganggone (aplikasi). Ojo nganggo piranti alus (software) rampokan, iku penggawe kriminal lan nglanggar UU hak cipta. Axioo mesti nggawani piranti alus (software) Linux Recovery DVD utwo Microsoft Windows (seri sing mesti) asli.
  6. Kanggo nggunakake internet wireless, coba nyalakno piranti alus (software) kanggo nggolek'i sinyal WIFI sing paling cedek. Umpomo ora ono, iso nggawe utwo nggunak'no teknologi 3G GSM liwat HP utowo PCMCIA Card sing akeh ono toko komputer.
  7. Ojo nggawe Internet Mobile Banking (koyoto; KlikBCA, Mandiri, Lippo-Net atau PermataNet) ono sak jroning jala WiFi bebas (open & free-of-charge) koyo neng Mal, Kampus utowo panggenan bebas liane. Proses iki nguwatiri (rentan) kanggo kegiatan hacking sing bahaya.
  8. Kangge ngresiki wadahe (chassis) laptop, biso disemprotake sakjroning kain flanel oranye ditambah cairan knggo ngrisiki kaca (glass cleaner) sing okeh didol ono pasar utowo toko. Banjur digosokno alon-alon lan ati-ati ono kabeh bagian wadahe, ugo LCD Monitore. Penggawean iki biso di ambali rong minggu sepisan. Sak iki usom stiker gambar ukuran gede (skin-printing) utowo proses laminating kangge chassis bagian njobo Laptop. Nangingkudu ngati-ati tumrap proses iki sebab bisa ngrusak lapisan chassis Laptop panjenengan lho.. he he he..
  9. Awas.. (iki ora ngeden-ngedeni lho..) kudu nggawe piranti keras penting (periferal) utomo & device rekomendasi Axioo wektu ngoboh (upgrade) utowo ngganteni.
  10. Iki kangge njamin kompatibilitas & kinerja Laptop kabeh. Axioo mesti nganggo Processor Intel, HDD Seagate Momentus & RAM Visipro SODIMM.
Wis sak mene dhisik anggonku nulis resep iki, mugo-mugo sedulur-sedulur sing moco tulisan iki bisa ngecak ake. Yen ono pitakon sampekno ono kolom komen ing ngisor iki, matur suwun.